Rabu, 18 Januari 2012

Penari Cantik

Sebuah judul yang menarik untuk dilihat. PENARI YANG CANTIK yang dalam bahasa jawa dikenal dengan nama LEDHEK, si penari menari di tengah kerumunan dan 1 orang pria menari bersamanya yang telah diberinya selendang, di pojok ada 4 orang yang ikut menari serta mencoba menggoda si penari untuk mengalihkan pandangan. Sebuah kiasan mengenai bagaimana orang dapat melihat tujuan hidupnya. Jika tujuan hidup telah jelas maka, untuk menempuhnya diperlukan kerja keras. MAN JADA WA JADDA= barang siapa yang berusaha pasti akan bisa. Untuk menjadi orang yang memiliki tujuan hidup, diperlukan cita-cita, Ujian dalam hidup adalah sebuah cobaan yang setiap orang pasti menghadapinya. Apakah kita masih setia dengan tujuan kita ?
 Diatas adalah gambar Srikandi, seorang perempuan cantik, juga seorang prajurit yang sakti. Dia merupakan contoh wanita karier.

Hidup adalah perjuangan dan setiap orang harus memiliki tujuan hidup. adakalanya kita dihadapkan dengan permasalahan yang rumit, hadapi layaknya prajurit di garis depan. mati dan hidup biar Allah SWT. yang menentukan, karena manusia adalah pemimpin.
Dalam kepemimpinan sebaiknya kita memahami dan harus bisa mendalami watak seorang pemimpin, karena setiap manusia di muka bumi ini adalah pemimpin. ASTHA BRATA ( DELAPAN  TINGKAH LAKU) SEORANG PEMIMPIN, yaitu : wanita, garwa, wisma, turangga, curiga, kukila, waranggana, pradangga.

Astha Brata


Rabu, 06 Juli 2011

WONG IRENG LAN WONG PUTIH

Datan janma tan keno tiningal, eling eling jo nganti keno beling
ono rupo, ono roso, tanpo guno yen hamung cidro
ing ngacopodo iku sanepane limang warno, kuning, rekto, cemeng, seto lan tanpo warno
sing pinter wong waspodo, tansah kawon ing watak sejati
warnoning jagad ing ponco warno iku prtelane mengkene
KUNING tegese kamulyaning jagad, kang awujud barang mung watak kadonyan, saged njalari janma lali marang Gustine, nganti podo kelangan iman
REKTO tegese nafsu ngamuk, angkoro, sing disawang hamung geni. ndadekake wong kelangan akal kang wening. sing ono mung polah suloyo
CEMENG tegese barang sing peteng, mrusal, ngrusak ing bebener. kathah barang sing kebak getih lan haram (dilarang Agama). sing halal dadi makruh, sing haram dadi sunnah. RUSAKING manungso yen dukuasani watak ireng iku mbenjange
SETO tegese adoh soko barang sing reged, jatining suci. ratri lan polah ing urip kang suci. demen ing tetulung, nuhoni darmane wong sing duwe "agomo ageming aji"  podo karo pikire sing wening tanpo napsu, nanging tetep ing prayogine wong urip. donya katon suminar kebak sekar yen si SETO kuasa lan saged nguasani karasing manungsa. NANGING opo biso kabeh janmo eling mring Gustine. ?
TANPO WARNO iku tegese SING GAWE URIP, ono tanpo rupo, wiwit tanpo pungkasan, siji tanpo sinigar, urip tanpo mati, sing bedo karo ciptane, ratu gustine alam jagad makro kosmos ugo mikro kosmos.
DATAN MANUNGSO PIJER TININGAL ING SOLAH TINGKAHE. amargi wataking ngacopodo iku manunggal ing manungsa( MANUNGGALING CIPTO LAN KARSA). Manungso kang dipun dadosake pemimpin ing ngacopodo. Makhluk kang sampurno, tanpo cacat. nanging kebak nepsu, lali, lan watak mblenjani.
manungso kang wus biso dadi lan duweni watak seto iku tegese saged ngendaleni watak watak sanese biso kasebut WONG PUTIH
Kosokbalene soko watak wong putih, manungso kang hamung duwe napsu tanpo pikir. nggunakake  kabeh sarono tanpo pikir HALAL lan HARAM. nganti lali marang watak tanpo warno. dadyo janmo kang nggragas ing urip, wani karo Gusti sing maha nyipto, lan sakpanunggalane. iku kasebut WONG IRENG
SAIKI KLEBU SING NGENDI AWAKE DEWE IKU?


LELAYU NUSANTARA

Saking tebih ketingal padhang cahyane, tiningal katon maero ero koco
dwipa sinebar ing antarane samudra ageng, katon ijo royo royo
wus misuwur lelayune Nusantara ing saindhenging jagad
pijer tanpo solah, hamung sebo ing tengah tengah
rojo bumi gemah ripah, katut para raja sanese
klebu raja banyu, nambahi elok perbawa sang nusantara dwipa

engsun tangi jingkat dumeling sajake wis panjer esuk
si jago kluruk ing wetan sak mburine redi agung
kabeh mau mratandani jo podo turu esuk
gage ngupoyo urip ing bebrayan agung
sanajanto ana ratu tanpa nayoko, hamung niyat mring sasami
mugo antuk berkahing idi. sugeng ing gesang sejati

Kamis, 16 Juni 2011

KITIR KAGEM EYANG WARENG SINUHUN BANGUN TAPAN (PB VI)

DUH KANJENG EYANG KANG WINULYO, SAUMPAMI PANJENENGAN MIRENG WARTA
Jaman Walandi sampun paripurna ing Nusantara. nanging wolak walik jaman, katah turun panjenengan ingkang malik ing sasmito. Tanpo guno tinggal ing ageman rinoso.mbok manawi sampun titi wanci jaman kencono rukmi nusantara. kinibukaning goro-goro.
sing adoh dadi cedak, sing budeg dadi krungu, sing wutho dadi mlolok, sing bodho dadi pinter
kinen ing titiwanci ratu tinemu ing mburi. kathah bakale ludiro ing margi.
nuwun

KASUWARGAN LAN KADONYAN

Datan kiren ing samudana, ngacopodo hamung ginurung rusak.
ing rejoning jaman, tetiyang leres wus nyamut tetingale
tan hono hamung cidro ing lamis, becik ing aksara
mrusal ing ratri tumingal, ngendi Gusti kang paring asih.

sekar gambuh ing catur, kang cinatur
polah kang kelantur, tanpo tutur
katulotulo katali, kadhaluwarsa katutuh
kapatuh pan dadi awon, ojo nganti kabanjur
sak paran polah kang ora jujur, yen kabanjur
sayekti kojur tan becik, becik ngupoyo o ilmu
pituturing kang sayektos.










Senin, 13 September 2010

About wibowo sapto

Name : Sapto
Old : 30 Years
Occupation : Government Employ
Addres: Pakis 245
City : Malang-East Java
Nation : Indonesia
Hobby : Affiliate

signature
R. Sapto Wibowo